Data Loading...

02 Bab 2 Mardika SMP VII Flipbook PDF

02 Bab 2 Mardika SMP VII


150 Views
89 Downloads
FLIP PDF 1.49MB

DOWNLOAD FLIP

REPORT DMCA

Bab

2

Budi Pakarti Utama Ancasipun Pasinaon Setelah mempelajari bab ini, diharapkan peserta didik dapat: 1. menganalisis dan mengevaluasi ungguh basa, tata Bahasa, dan kagunan informasi berupa gagasan, pikiran, basa untuk menyampaikan pendapat, perasaan, pandangan, arahan atau pemecahan masalah, dan pemberian pesan yang akurat dari teks tembang solusi secara lisan dalam bentuk monolog Gambuh yang disimak; dan dialog logis, kritis, dan kreatif; 2. memahami informasi berupa gagasan, 4. menuliskan gagasan, pikiran, pandangan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan arahan atau pesan tertulis tentang nilaidari teks tembang Gambuh yang dibaca; nilai budi pekerti dalam tembang Gambuh untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, 3. menyampaikan gagasan, pikiran, dan kreatif dengan menggunakan bahasa pandangan, arahan atau pesan tentang Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa isi tembang Gambuh dengan bahasa dan tata bahasa. Jawa sesuai dengan kaidah unggah-

Profil Pelajar Pancasila Bernalar kritis: Memperoleh dan memproses informasi dan gagasan melalui isi tembang Gambuh. Kreatif: Menghasilkan karya dan tindakan yang orisinal dengan memproduksi video tembang macapat Gambuh dengan prinsip diferensiasi produk. Bergotong royong: Kolaborasi melalui diskusi kelompok menganalisis isi tembang dengan ragam basa Jawa kromo alus. Berkebinekaan global: Mengenal dan menghargai budaya Jawa melalui apresiasi tembang macapat Gambuh.

Tembung kunci Budi pakarti, Gambuh

ck.com

ttersto

r: shu

e Sumb

2

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

Sumber: shutterstock.com

Tembang Gambuh nggambarake panguripane manungsa ing bebrayan agung masarakat. Tembang iki nduweni watak semanak lan rumaket. Mula pas manawa kanggo medhar piwulang ing urip bebrayan amrih bisa nindakake laku utama. Tembang Gambuh kang diandharake samengko dijuppuk saka serat Wulangreh kang cacahe ana 16 pada. Nanging wulangan iki ora bakal ngudhari kabeh tembang, kang wigati para siswa bisa ndudut piwulang luhur kang prelu dituladhani kanggo sangu urip wektu saiki lan ing tembe mburine. Banjur, kepriye wujud lan wose tembang Gambuh kasebut? Piwulang apa bae kang bisa didudut lan dituladhani saka tembang kasebut? Kepriye gegayutane isi tembang karo kahanan jamane? Kabeh iku kababar kanthi mardika ing kaca candhake. Aja lali sadurunge sinau, ayo padha dedonga mugi anggonmu sinau bisa lancar.

A. Nyimak Teks Tembang Gambuh Gambuh Sekar Gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali,

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

3

kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon. Bausastra Gambuh : kulina catur : papat polah : obahing awakbadan kalantur : kebanjur-banjur, bablas tutur : kandha, gunem katula-tula katali : nemahi cilaka kang terus-terusan kadaluwarsa : kadhung kebacut katutuh : tindak kang kebacut luput kapatuh : dadi pakulinan awon : elek

Kegiyatan 1

Lintas Medhiya

Kanggo nyimak lan mangerteni unine tembang Gambuh, coba digatekake tembang awujud video kanthi pindai QR code kasebut. Anggonmu nyemak aja mung sepisan, prayogi dibolan-baleni satemah apal lan mahanani isine. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi gamblang. 1. Jelasna tegese larik sekar Gambuh ping catur. 2. Perkara apa kang dadi piweling ing tembang kasebut? 3. Pakarti kang kepriye kang ndadekake katula-tula katali? 4. Geneya pakarti kasebut bisa kapatuh dadi awon? 5. Piwulang apa kang bisa dijupuk saka isine tembang kasebut?

Pindailah QR Code di atas untuk mengakses video pembelajaran.

B. Maca Tembang Gambuh Kegiyatan 2 Ayo gladhen maca endah tembang Gambuh ing ngisor iki. Prayoga kelas didhapuk dadi 8 klompok, saben klompok bakal ngayahi nembang Gambuh sapada manut dhawuhe guru. Anggone nembang genti-genten satemah kabeh pada tembang Gambuh iki bisa ditembangkake. Aja nganti kabanjur, sabarang kang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

4

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo. Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyuh. Sikidang umbagipun, angandelken kebat lumpatipun, pan si gajah ngandelaken ageng inggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyokot. Iku upaminipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa ingkang wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor. Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipun duweki, sapa pinter kaya ingsun, tuking prana nora enjoh. Ambeg adigang iku, angungasaken kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi, tinemenan ora pecus, satemah dadi guyon. (Serat Wulangreh) Pangikete Tembang Macapat Tembang macapat Gambuh kaiket dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Pangikete tembang kasebut minangka wewaton. Diarani waton

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

5

(tatanan) jalaran dadi pathokan kang ora kena diowah-owah. Upamane guru gatra tembang Gambuh iku ana 5 ora kena diowahi dadi 4 utawa 6. Kalebu guru lagu lan wilangane. Guru lagune u, u, i, u, o. Tegese gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo swara (vokal) /u, gatra kapindho dipungkasi swara /u, lan gatra-gatra sabanjure uga kaya mangkono. 1. Guru gatra Guru gatra iku cacahing larikan/baris saben satembang wutuh. Tembang Gambuh Guru gatrane ana 5, tegese saben sapada (bait) ana 5 gatra (larik). 2. Guru wilangan Dene guru wiilangan yaiku cacahing wanda saben gatra/larik. Guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8. Tegese cacahing wanda saben sapada beda-beda. Gatra sepisan dumadi saka 7 wanda. Gatra kapindo dumadi saka 10 wanda, lan gatra-gatra sabanjure uga mangkono. 3. Guru lagu Guru lagu yaiku tibaning swara (dhong dhing) ing pungkasan gatra. Tegese swara /a/, /i/, /u/, /e/, /o/ kang ana pungkasan (mburi dhewe) gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u/u/i/u/o. Luwih cethane bisa disimak tabel ing ngisor iki. Guru Gatra 1

Teks Tembang Gambuh Se/kar/gam/buh/ping/ca/tur 1/ 2/ 3/ 4/ 5/ 6/ 7

2

kang/ci/na/tur/po/lah/kang/ka/lan/tur/ 1/ 2/ 3/ 4/ 5/ 6/ 7/ 8/ 9/ 10 tan/pa/ tu/tur/ ka/tu/la/-tu/la/ ka/ta/ li/

3

1/ 2/ 3/ 4/ 5/ 6/ 7/ 8/ 9/ 10/ 11/ 12 4

ka/da/lu/war/sa/ka/tu/tuh/ 1/ 2/ 3/ 4/ 5/ 6/ 7/ 8

5

ka/pa/tuh/ pan/ da/di/ a/won/ 1/ 2/ 3/ 4/ 5/ 6/ 7/ 8

5 gatra

Wilangane 7, 10, 12, 8, 8

Guru Wilangan

Guru Lagu

7 wilangan

u

10 wilangan

u

12 wilangan

i

8 wilangan

u

8 wilangan

o u/ u /i /u /o

Kegiyatan 3 Coba jingglengana jangkeping pupuh Gambuh ing ndhuwur, nuli waspadakna guru gatra, lagu, lan wilangane padha apa ora saben padane. Buktekna kaya tuladha ing tabel.

6

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

Guru Gatra 1

Cakepan Tembang

Guru Wilangan

Guru L agu

Gatra 1

2 3 4 Kanggo mbuktekake anggonmu maca tembang gambuh, tulisen isine ing kolom kasebut. Paragrap 1

Isine

Katrangan

Gatra 1

2 3 4 5 6 7 Tembang macapat Gambuh isih ana ing masarakat Jawa. Coba endi panemumu kang nalar (logis) lan ora nalar (ora logis) marang pratelan kasebut? Wenehana tandha centhang () marang pratelan kang jumbuh. No.

Pratelan

1

Tembang macapat iku wujud budaya Jawa sing bakal ilang dening tembang manca.

2

Tembang Gambuh mujudake budaya Jawa lan ngemot maneka budi pakarti utama.

3

Nembang Gambuh kudu dilakokake dening para mudha kalebu siswa.

4

Sing nembang macapat kasebut mung wong tuwa bae.

5

Para mudha ora prelu mangerteni tembang macapat Gambuh.

Nalar

Ora Nalar

C. Micara Tembang Gambuh lan Isine Tembang Ngandharake isine tembang Gambuh mawa ragam krama alus. Gambuh Sekar gambuh ping catur,

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

7

kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon. Tegesipun kirang langkung ing ngandhap punika: Tembang gambuh ingkang kaping sekawan, inggih punika ngandharaken tindak tanduk ingkang kebablasen. Tanpa pitutur bakal nemahi kacilakan. Menawi sampun dados pakulinan, satemah nadadosaken pakartinipun awon. Dudutan: Gesang ing masarakat sampun ngantos kebablasen tindak-tandukipun, amrih slamet boten cilaka. Punapa malih dados pakulinan awon.

Kegiyatan 4 Ayo ngudhari isine tembang Gambuh kanthi lisan manut ayahane klompok sarana dhiskusi, banjur dudutan kang wus ditulis diowahi nggunakake ragam krama alus kaya tuladha ing ndhuwur. Asile wenehana marang klompok liyane ing ngarep kelas satemah bisa pikoleh dudutan bebarengan klompok liyane. Yen prelu, nalika micara lan ngandharake isine tembang kasebut divideo. Asile andharan kang wujud video utawa wujud swara bisa diunggah ing Youtube utawa cloud storage, lan medhiya sosial-mu kalebu dikirim lumantar e-mail marang gurumu utawa kancamu. Klompok : ........................ Jenenge siswa : ........................ Tulisen asile pirembugan utawa dhiskusi tembang ing kolom. Gatra

Isine Tembang

Pamanggih klompok

1 2 3 4 5 Paugeran mbiji micara isine tembang Gambuh kanthi lesan mawa basa Jawa ragam krama bisa manut kasebut. No. 1

Siswa

Lancar Oranem

Mentes Orane Isi Andharan

Runtut/ Ora

Bener/Luput Unggah- Ungguhe

Cacah Biji

8

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

No.

Siswa

Lancar Oranem

Mentes Orane Isi Andharan

Runtut/ Ora

Bener/Luput Unggah- Ungguhe

Cacah Biji

2 3 4 5

D. Nulis Isine Tembang Gambuh Nulis andharan isine tembang Gambuh Para siswa, kanggo nulis isine tembang Gambuh kasebut, para siswa prelu nggatekake babagan: • negesi tembung lungid/angel lan bab kang kamot sajroning tembang. • tema saka tembang kasebut; • paugeran nulis ing antarane aksara, jinise tembung, tandha waca • kalebu titik, koma, lan sapiturute; • gunakake tembung konjungsi (pangiket) supara ukara lan paragrape • luwih bisa dimangerteni pamaca; • tulisan kudu trawaca lan resik.

Kegiyatan 5 1. Sawise nembang Gambuh saben klompok, ayo diudhari isine tembang kasebut manut ayahane klompok. 2. Kang ditulis saka tembang gambuh kasebut ora prelu kabeh. Bab kang pokok utawa wigati bae kang ditulis. Saiki coba tulisen isine tembang Gambuh sing wis kokwaca ing papan ngisor iki. 3. Kejaba iku, coba rembug karo kancamu, gegayutane isine tembang Gambuh karo kahanan zaman saiki. Wenehana tuladhane. 4. Kejaba iku, bisa uga asile tulisanmu diunggah ing blog pribadhimu utawa blog sekolahan. 5. Bisa uga ing medhiya sosial-mu supaya akeh kang padha menehi tanggapan ing majalah dhindhing kelas utawa sekolah. 6. Kanca liya utawa bapak/ibu guru kersa paring panyaruwe.

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

9

Ringkesan •

• •





Tembang Gambuh nggambarake panguripane Pindailah QR Code manungsa ing bebrayan agung masarakat. di atas untuk Tembang iki nduweni watak semanak lan mengakses audio pembelajaran. rumaket. Mula pas manawa kanggo medhar piwulang ing urip bebrayan amrih bisa nindakake laku utama. Tembang Gambuh kang diandharake samengko dijupuk saka serat Wulangreh kang cacahe ana 16 pada. Tembang Gambuh kaiket dening guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Guru gatra iku cacahing larikan/baris saben satembang wutuh. Tembang Gambuh guru gatrane ana 5, tegese saben sapada (bait) ana 5 gatra (larik). Guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8. Tegese cacahing wanda saben sapada beda-beda. Gatra sepisan dumadi saka 7 wanda. Gatra kapindo dumadi saka 10 wanda, lan gatragatra sabanjure uga mangkono. Guru lagu yaiku tibaning swara (dhong dhing) ing pungkasan gatra. Tegese swara /a/, /i/, /u/, /e/, /o/ kang ana pungkasan (mburi dhewe) gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u/ u /i /u /o.

Gladhen Soal ing Pungkasan Bab A. Pilihen jawaban sing bener. 1. Sekar Gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur. Tembung catur lan cinatur tegese . . . . A. omong lan ngomong B. ngomong lan omong C. papat lan diomong D. diomong lan papat 2. Gatekna tembang kasebut. Aja nganti kabanjur, sabarang kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos. Surasa luhur saking tembang kasebut supaya padha tumindak kang jujur. Jalaran yen roa jujur bakal nemahi kapitunan. Mituru tembang kasebut, cara kang trep supaya ora kebanjur yaiku . . . .

10

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

A. B. C. D.

Kudu jujur ing bab apa wae yen ora jujur bakal ajur rembugan supaya bener sinau ilmu kang sejati

3. Pratelan ing ngisor iki endi kang cocok karo unen-unen “Tanpa tutur katula-tula katali” yaiku . . . . A. wong sing ora ngugemi pitutur becik uripe bakal sengsara B. wong sing ora ngugemi pitutur uripe bakal cilaka terus-terusan C. wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni sengsara D. wong sing ngugemi pitutur uripe bakal nemoni cilaka terusterusan 4. Kewan ingkang kangge tuladha awon ing tembang Gambuh serat Wulangreh inggih menika . . . . A. kethek, gajah, lan babi B. kidang, ula, lan gajah C. gajah, kebo, lan kidang D. baya, kebo, lan kethek 5. Wa t a k i n g k a n g n g e n d e l a k e n panguwaosipun inggih menika . . . . A. pamer B. adigang C. adigung D. adiguna 6. Ingkang dados paraga ngendelaken panguwaosipun inggih menika . . . . A. kethek B. kebo C. gajah D. kidang 7. Gatekna tembang kasebut. Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipun duweki,

sapa pinter kaya ingsun, tuking prana nora enjoh Adhedhasar tembang kasebut, tumindak kang pamer kepinterane diarani duwe watek . . . . A. adiguna B. adiprana C. adigang D. adigung 8. Watek kang kamot ing cakepan tembang kasebut iku ora becik, jalaran . . . . A. pancen pinter samubarang B. blaka suta marang sapadhapadha C. sregep sinau supaya pinter D. ngaku pinter nanging ora bisa apa-apa 9.

Gatekna tembang kasebut. Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh. Gancaran kasebut jumbuh kaliyan isinipun tembang Gambuh . . . A. Wateke wong kang duwe sipat pamer duwe kekuwatane awak, mula rumangsa paling kuwat. Kejaba iku uga watek kang nengenake kepinteran lan kaluhurane. B. Wo n g k a n g n g e n d e l a k e n kepinterane kanggo minteri wong liya. Perlune mung supaya wong liya manut karo kekarepane. C. Wong kang duwe watek pamer ke p i n te ra n, ke k u wat a n, l a n

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

kaluhurane iku kabeh bakal mati. Ora ana kang urip selawase. D. Watek pamer lan dumeh selawase ora bakal luhur, nanging njalari awake dhewe dadi asor. 10.

Gatekna wacan kasebut. Tumindake Pak Raden pancen ana becike lan ana ora becike. Pak Raden pancen turunan luhur, wongtuwane biyen pensiunan pejabat dhuwur. Mula saiki uripe mulya lan sarwa kecukupan. Sakjane tangga teparone ora masalah karo Pak Raden. Nanging emane, Pak Raden yen ngendikan dhuwur. Ing pasamuan warga arang ndherek. Pak Raden rumangsa duwe drajat luwih dhuwur tinimbang tangga teparone.

11

Nitik saka pratelan kasebut, wateke Pak Raden kalebu jinise adigung. Ing ngisor iki kang dadi alesane paling trep yaiku . . . A. Tumindake kang rumangsa drajate luwih dhuwur lan tedhak turune wongtuwane pensiunan pejabat. B. Prelune dadi pejabat iku kudu guyub rukun marang tangga teparone ing sajroning kahanan apa wae. C. K a b e h w o n g p a d h a i n g samadyaning bebrayan, ora ana bedane. Kang mbedakake amung kabecikane. D. Yen prelu watek pamer iku d i d a d e ka ke p a n j u r u n g i n g satengahing masarakat, satemah padha gumregah.

B. Wangsulana pitakonan kasebut kanthi gamblang. 1. Kepriye wateke tembang gambuh? 2. Pira guru gatrane tembang Sinom? 3. Watek ingkang ngendelaken kapinteranipun dipunwastani menapa? 4. Kewan menapa ingkang dipundadosaken paraga ingkang ngendelaken kapintaranipun? 5.

Critakna patrape manungsa kang duwe watek kaya ula ing kahanan jaman saiki. Wenehana alesanmu.

6.

Jlentrehna pakulinan utawa tumindak kang kalebu adiguna ing kedadeyan sakupengmu. Tulisen buktine kanthi gambling.

7. “Telu pisan mati sampyoh”. Apa tegese ukara kasebut? 8. Kepriye tumindakmu nalika ngadhepi wong kang duwe watek adiguna? 9. Tulisen tumindak manungsa jaman saiki kang adiguna. Golekana saka maneka sumber internet utawa buku liyane. 10. Kepriye panemumu marang wateke wong sing pamer kepinterane? Tulisen alesanmu.

12

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

Soal Modhel Stimulus 1 Gatekna pranyatan kasebut, banjur garapen miturut pituduhe. Dery bocah sing pinter ing kelase. Saben-saben ulangan, dheweke bijine paling dhuwur. Kabeh siswa saksekolahan padha ngerti yen Dery bocah paling pinter. Sawijining dina, ana kegiyatan ing sekolahan, saben-saben klas ngirimake utusane. Dery rumangsa paling pinter, mulane dheweke sing kudu mimpin. Sanajan ana regu nanging Dery luwih seneng ngrampungke dhewe. Kabeh panemune kanca siswa liyane dianggep kurang bener dening Dery. Kanca liya dadi rada minder lan kurang greget.

Soal 1: Nitik saka stimulus 1, sejatine tumindak lan watak paraga iku kurang trep. Senajan duwe kepinteran ing kelas. Nanging mesthine kabeh bisa dirembug bebarengan. Watek pamer kepinterane iku sipat kaya kidang ing tembang Gambuh. Jodhohake antarane pratelan karo kanyatan miturut panemumu kanthi menehi tandha centhang (). No.

Pratelan

1

Dery iku bocah sing becik buktine duwe kepinteran kang luwih ing kelase.

2

Diarani pamer kepinterane, watek kasebut ora trep karo kahanan zaman saiki.

3

Kudune Dery ora ngegungake kepinterane, isih ana kang luwih pinter.

4

Kepinteran iku bisa didum lan dadi ngelmu kang mumpangati tumraping bebrayan

Bener

Luput

Soal 2: Nitik saka stimulus 1, tumindak ngegungake kepinterane iku ora becik. Kepriye panemumu marang watek kasebut? Pilihen lan apa alesanmu. setuju ora setuju Alesane:

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

13

Stimulus 2 Gatekna pethilan tembang Gambuh kasebut. Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo. Soal 3: Yen diudhari tembang Gambuh sapada iku, ngemot pitutur luhur kang migunani tumraping bebrayan. Perkara bener lan luput wateke manungsa digambarake ing tembang kasebut. Apa maneh ing bebrayan sejatine kabecikan lan tumindak ala bakal ana selawase. Ing ngisor iki, minangka pratelan wujud fakta/kanyatan kang jumbuh karo isine tembang kasebut. Wong urip kudu gelem nuladhani bab kabecikan senajan saka wong cilik kang mituturi. Bab bener lan luput iku gumantung manungsa dhewe-dhewe. Ora prelu dikandani. Sumber kawruh kabecikan ora mung saka panggedhe wae, dadi saka sapa wae sauger becik Pitutur luhur iku ora mung awujud lesan nanging tumindak dikatheni tuladha nyata. Soal 4: Adhedhasar stimulus 2, tembang Gambuh kasebut ngemot pitutur becik. Kabeh pitutu becik kudu diugemi, sanadya metu saka . . . . A. wong sugih B. sudra papeki C. wong pinter D. para pejabat Soal 5: Adhedhasar stimulus 2, kabecikan sanadyan metu saka sapa bae sauger becik pantes dituladhani. Kepriye supaya kabecikan iku bisa dituladhani ora mung awujud tuturan? Andharna panemumu.

14

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

Praproyek Proyek : Video nembang Gambuh Tema : Budi Pakarti Utama Irah-irahan : Nggawe video nembang Gambuh Ancase : Ndhudhah budi pakarti utama lumantar tembang macapat gambuh, praktik gawe lirik tembang Gambuh kanthi tema budi pakarti utama, nembangake lirik tembang Gambuh kanthi titi laras. Dheskripsi ayahan : Ndhapuk klompok antarane 3-4 siswa. Video banjur diunggah ing medhiya sosialmu, kalebu ing Youtube. Guru diaturi tautan (link) video-ne. Trap-trapane praproyek:

Kegiyatan 1 NIng praproyek iki, siswa banjur rembugan sing sepisanan karo anggota klompoke. Jalaran proyek gawe video tembang Gambuh, saben klompok ngedum anggotane, sapa kang bakal nembang, sapa sing nulis lirik tembange, sapa sing njupuk video lan ngedhit. Kabeh bakal lumaku gancar yen padha gelem gotong royong. Ing ngisor iki tuladha rancangan jadwal proyek. Jenenge proyek : ........................... Kelas : ........................... Anggota : .......................... Kegiatan

Wektu 1

2

3

4

Katrangan 5

6

7

Nemtokake tema proyek Nggawe jadwal proyek Nyamaptakake maneka piranti Gawe garapan Evaluasi Gawe lapuran

Kegiyatan 2 Bebarengan karo kancamu, saiki golekana sawijining prastawa utawa kedadeyan ing sakupengmu kang ngemot budi pakarti utama. Sakwise iku, rancangan kridha:

Bab 2 | Budi Pakarti Utama

15

1. Sakwise nemokake topik kedadeyan ing sakupenge siswa banjur dhiskusi klompok. 2. Tulisen alesanmu milih tema utawa prastawa kasebut kanggo nulis tembang Gambuh. 3. Pilah lan pilih maneka prastawa kang ana, banjur ugemi paugeran proyek kanggo gawe lirik tembang gambuh. Tulisen apa bae kang arep ditulis dadi lirik tembang gambuh. 4. Gawea rancangan karo klompokmu babagan nulis tembang macapat gambuh saka prastawa utawa kedadeyan ing sekupengmu kasebut. Saora-orane ngemot babagan: a. Judhul b. latar belakang c. Masalahe d. Piranti lan bahan kang dibutuhake e. Cara kerjane f. Jadwal kegiyatan 5. Unggah rancanganmu iku ing cloud storage, seperti Google Drive, bisa uga dikirim lumantar e-mail. Yen durung ana cloud storage, rancangan klompok bisa ditulis lan diaturake marang gurumu. 6. Dum link utawa tautan unggahane rancanganmu, supaya guru bisa menehi pasarujukan marang isine.

Kegiyatan 3 1. 2. 3. 4. 5. 6.

Siswa kang seneng nulis, gawea lirik Gambuh nganggo titi laras kang trep, adhedhasar tema budi pakarti utama ing dhaerahmu. Nalika nulis kudu nggatekake basa, tandha waca, lan ejaan. Dene siswa kang seneng sinau kanthi video, gawea video tembang macapat kasebut. Dene siswa kang seneng sinau kanthi swara (audio), bisa ngrekam swara utawa nembangake lirik Gambuh. Durasi tembang paling suwe 10 menit. Yen wis, asilipun arupa video lan audio bisa diunggah ing channel Youtube-mu, utawa Youtube sekolahan.

Refleksi 1. Wenehana tandha centhang () ing kothak “Ya” yen kowe rumangsa bisa marang materi jumbuh karo pratelan kang ana lan centhang ”Ora” yen durung jumbuh. Umpama “Ora”, tulisen apa sing bakal kok lakokake sabanjure. 2. Isi pratelan kasebut kanthi blaka. 3. Itungen sepira gunggunge pitakonan kang diwangsuli “Ya”. 4. Bunderi pratelan kang ”Apik Banget”, “Apik” lan “Prelu Didandani” jumbuh wangsulan “Ya”.

16

Mardika Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VII

No.

Pratelan

Iya

1

Aku wis mangerteni babagan tembang macapat Gambuh saka serat Wulangreh kang ngemot budi pakarti utama.

2

Aku bisa medharake isine tembang Gambuh saka serat Wulangreh kanthi nggunakake ragam krama.

3

Aku bisa mudheng paugeran tembang gambuh, lan wateke tembang.

4

Aku bisa nggawe proyek awujud video nembang Gambuh kanthi topik kang gayut karo kahanan padinan.

5

Aku bisa nulis isi dan gancaran saka tembang Gambuh.

Ora

Kang bakal Dilakokake

Apik Banget

Apik

Prelu Didandani

Yen 5 wangsulan “Ya”

Yen 3 wangsulan “Ya”

Yen 2 wangsulan “Ya”