Data Loading...

Parikan, Wangsalan, lan Basa Rinengga Flipbook PDF

Parikan, Wangsalan, lan Basa Rinengga


120 Views
77 Downloads
FLIP PDF 104.49KB

DOWNLOAD FLIP

REPORT DMCA

Parikan, Wangsalan, lan Basa Rinengga dening : Setiyowati

Parikan yaiku unen-unen kang runtut swarane mawa purwaka lan isi. Manut wandane, parikan iku biasa kaperang dadi 5, yaiku : 1. Wanda 4.4 x 2 , tuladha : Wedang bubuk, gula jawa Yen kepethuk, ati lega. 2. Wanda 4.6 x 2 , tuladha : Bisa nggambang, ora bisa nyuling Bisa nyawang, ora bisa nyanding.

3. Wanda 4.8 x 2 , tuladha : Kembang menur, ganda sedhep sandhing sumur Yen wis makmur, ja lali karo sedulur.

4. Wanda 8.8 x 2 , tuladha : Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula Piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa.

5. Wanda 3.5 x 2 , tuladha : Timune, diiris- iris Gumune, ra uwis-uwis.

Wangsalan tegese unen- unen / rumpakan kang surasane saempar cangkriman nanging batangane wis tinulis sinandhi kang di arani tebusan. Jinising wangsalan kayata : 1. Wangsalan lamba, yaiku wangsalan kang batangane mung siji. Tuladha : ✓Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. ( so / eso ) ✓Njanur gunung kadingaren, kowe dolan mrene. ( aren )

Wangsalan ngemot : Cangkriman : teka teki Tebusan : plesetan Batangan : teges asli Tuladha : roning mlinjo, sampun sayah

nyuwun ngaso.

➢Cangkriman : roning mlinjo ➢Tebusan : ngaso ➢Batangan : so

2. Wangsalan rangkep, yaiku wangsalan kang batangane luwih saka siji. Tuladha : ✓ Gayung sumur, kewan gung granane dawa. Aja kemba , mangesthi saliring karya. ( timba, gajah ) ✓ Sirah roga, dhedhukune wong walanda. mung perlune, mardi pinter marang putra.

Basa Rinengga Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susatra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan di damel sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake serta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapapke. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana ingaran purwakanthi.

MATUR NUWUN