Data Loading...
flipbook PRANATACARA kelas X Flipbook PDF
PPT PRANATACARA kelas X dibuat oleh Diyah Kusumaayu Cahya Ningrum S.Pd SMA Negeri 2 Klaten
122 Views
98 Downloads
FLIP PDF 820.02KB
PRANATACARA Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan saintific learning dan model discovery learning, diharapkan peserta didik dapat bekerja mandiri dan bertanggung jawab dalam menguraikan struktur dan kaidah pranatacara dengan tepat.
DIYAH KUSUMAAYU C.N
TEKS PRANATACARA – GATEKNA TEKS PRANATACARA IKI
Link teks pranatacara: http://gg.gg/TEKSPRANATAACARAKD3
PRANATACARA Pangertosan
Pranatacara yaiku salah sijine paraga ana ing pasamuwan utawa pahargyan sing kuwajibane/ duwe jejibahan nglantarake lakune tatacara supaya bisa mlaku runtut. Pranatacara uga asring diarani pambyawara, pambiwara, panataacara, pranata adicara, pranata titi laksana, pengendhaliwara utawa kang lumrah kongerteni pembawa acara/ MC (master of ceremony)
Kuwajibane pranatacara: 1. Nglantarake/ mbiwarakake tumapaking acara 2. Makarya sesarengan kaliyan paraga sanesipuning pahargyan 3. Nggunakake basa kang prasaja, laras uga bener 4. Gawe swasana pasamuan dadi kepenak 5. Bisa jumbuhake swasana 6. Nengenake tatakrama lan tatasusila
Cengkorongan / kerangka sesorah : 1. 2.
3. 4. 5.
Salam pambuka Purwaka (pambuka) a. Atur pakurmatan (sapa aruh marang wong sing rawuh) b. Atur puji syukur Isi (surasa/ uratane acara) Panutup (wusana) Salam panutup
Salam Pambuka Assalamuallaikum Wr.Wb.
Sapa aruh/ Atur Pakurmatan
Bapak Suharja,SPd., M.Si minangka pangarsa sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu guru, ingkang minulya. Saha para siswa ingkang kula tresnani. Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun ngadheg wonten ing ngarsa panjenengan sedaya kumawantun nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, awit nampi jejibahan nglantaraken reroncening acara dinten punika. Sumangga kita ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring sedaya nikmat marang kita sedaya saengga saget kempal manunggal kanthi mengeti dinten kamardikan Republik Indonesia kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Atur Puji Syukur
Isi Perlu kawuningan bilih ing dinten punika, Senen 17 Agustus 2020, pawiyatan SMA 2 Klaten ngawontenaken pangetan dinten kamardikan Indonesia ingkang kaping 75 satemah minangka raos tresna asih dhumateng bangsa Indonesia.
Bpk Ibu para rawuh ingkang bagya mulya. Menggah urut- urutaning adicara ing enjang punika : Pambuka Atur pangandikan Inti : Hikmah Kamardikan Panutup Mekaten menggah lampahing acara ingkang sampun rinakit, ingkang punika mugi panjenengan sedaya kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning acara, nuwun. Ngancik acara ingkang kaping sepisan inggih punika pambuka, mangga kita purwakani acara ing enjang punika mawi maosan basmalah sesarengan , “Bismillahirahmannirahim”. Mugi- mugi kanthi waosan basmalah menika acara saget lumampah kanthi lancar mbonten wonten alangan setunggal menapa. Amin.
Urutan acara
Isi Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih inggih punika Atur Pangandikan. Atur pangandikan ingkang sepisan inggih punika saking Ketua Panitia ingkang badhe dipun salirani panjenegannipun sedherek Atmaja Dhumateng sederek Atmaja wekdal saha papan sumangga. (.......) Mekaten atur sapala sampun paripurna , atur pangandikan ingkang kaping kalih inggih punika saking Pangarsa Sekolah ingkang badhe dipun salirani panjeneganipun Bp Suharja . Dhumateng bpk Suharja wekdal saha sasna sumangga katur. (........) Mekaten atur pangandikan sampun paripurna. Kalajengaken adicara kaping tiga inggih punika inti, ingkang badhe dipunisi kanthi sesorah hikmah kamardikan Indonesia, badhe dipun salirani Bapa Ardianto. Dhumateng Bapa Ardianto wekdal saha papan sumagga katur. (........) Mekaten sesorah saking Bapa Ardianto mugia saget migunani tumrap kula lan panjenegan sami lan nambahi tresna kita marang Indonesia .
Panutup
Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Namung sakderengipun kita tutup mbokbilih anggen kula matur lan nglantaraken adicara wonten kalepatan ingkang kirang nujuprana ing ngarsa dalem panjengan sedaya saestu kula nyuwun agungin pangapunten. Saklajengipun mangga kita pungkasi acara ing siang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan. “Alhamdulillahhirobilallamin”. Wassalammu’alaikum Wr. Wb.
Mugia rahayu kang tansah pinanggih
Salam Panutup
MATURNUWUN