Data Loading...
Pacelathon Flipbook PDF
Pacelathon
108 Views
81 Downloads
FLIP PDF 734.79KB
PACELATHON (Dialog)
Dening: Andrerini Maryatmi, S.Pd Senin, 30 Maret 2020
Kompetensi Dasar Pengetahuan
3.8 Menelaah dialog/percakapan Keterampilan 4.9 Menulis teks dialog sederhana
Indikator 1. Membaca teks dialog/percakapan 2. Menjawab pertanyaan tentang isi dialog 3. Membuat teks dialog sederhana dengan ragam krama
Unsur-unsur Pacelathon (dialog) 1. Tema pacelathon 2. Judul/irah-irahan 3. Paraga/tiyang ingkang pacelathon (dialog)
TULADHA PACELATHON Wacanen pacelathon ing ngisor iki!
NGGARAP PR Pak Huda Riski Pak Huda Riski Pak Huda Riski Pak Huda Riski Pak Huda
: “Lho…..kok malah nonton sinetron, dipateni dhisik TV-ne, terus sinau utawa nggarap PR! : “Inggih, Pak.” : “Saiki Riski wis SMP, lan wis sak semester anggone mlebu sekolah. Mesthine bapak lan ibu guru wis maringi PR apa dene tugas. Wis digarap apa durung?” : “PR sampun kula garap sonten wau, Pak.” : “Dadi yen PR wis digarap bengine ora sinau? Apa sesuk bapak utawa ibu guru mundhut pirsa bab sinetron kang ana ing TV, pa?” : “Inggih boten, Pak.” : “Genea, endi PR sing wis digarap?” : “Menika PR Basa Jawi.” : “Lha... iki nomer 3 apa wis bener? Tulisane latin kok dadi andalang? Njajal dibukak ha, na, ca, ra, ka-ne.”
Riski Pak Huda Riski
Pak Huda
Riski Pak Huda
Riski Pak Huda Riski
: “ O…, inggih pak kirang aksara h, kedahipun andhalang.” : “Apa mau durung diterangke Bu Guru?” : “Bu Retnani sampun nerangaken bab panyeratipun ater-ater hanuswara nanging kula taksih bingung.” : “Kudune yen ora jelas rak ya takon. Mesthine Bu Retnani rak ya ora bakal duka yen ana siswane sing takon. Dadi yen ana tembung lingga oleh wuwuhan ater-ater hanuswara lan aksara wiwitan tembung lingga mau ora luluh anggone nulis Jawa pancen ditambahi a, nanging yen ditulus latin cukup ditulis ndalang, ora andhalang ngono ngendikane Pak Bambang gurune Bapak rikala SMP biyen.” : “O nggih Pak, samenika kula kemutan.” : “Lha iki nomer 5 ya luput. Wis saiki coba nomer 3 dibenerke dene nomer 5 digarap maneh, yen wis rampung banjur maca pelajaran sing kanggo sesuk supaya nalika Bapak utawa Ibu Guru nerangke wis ngerti sithik-sithik.” : “Inggih Pak. Pak, kala wau Pak Eko rawuh mriki ngaturi uninga Bapak bakda Isyak dipunaturi rawuh wonten dalemipun saperlu rapat kangge mengeti dinten kamardikan RI.” : “Ya wis yen ngono Bapak tindak dhisik, aja lali dhawuhe Bapak mau!” : “Inggih Pak, sendika dhawuh.”
Pitakenan 1. 2. 3. 4. 5.
Apa irah-irahan pacelathon ing dhuwur? Sapa paraga kang nglakoni pacelathon kasebut? Miturut pacelathon ing dhuwur, sapa Pak Huda kuwi? Wonten pacelathon materi apa kang diwenehake kanggo PR Riski? Sakwise diteliti dening Pak Huda, garapane Riski ana sing salah. Coba jelasna! 6. Kepiye kudune menawa durung jelas karo materi sing diterangke dening guru? 7. Apa kang didhawuhake marang Riski sakwise rampung nggarap PR? 8. Apa pesen saka Pak Eko kang dititipke karo Riski? 9. Apa basa kang digunakake Riski nalika pacelathon? 10. Apa piwulang kang isoh dijupuk saka pacelathon ing dhuwur?
Gladhen Ketrampilan
1. Gawea lan tulisna pacelathon sederhana marang murid kaliyan guru lan anak kaliyan tiyang sepuh, kanthi tema bebas lan nggunakake unggah-ungguh!
MATUR NUWUN